Klaten, Taman Doa Apius – Tumplek blek wong-wong nganggo batik, jas, sampe blangkon, nglumpuk ora kanggo kawinan, tapi kanggo ngrayakake peresmian Rumah Misi Apius, pusat pelayanan lan pemberdayaan masyarakat. Sakjane, yo iki dudu acara potong tumpeng utawa ruwatan desa, tapi wis sah dan resmi: dipotong pita, ditandatangani prasasti, lan digelar doa meriah ala Kristen moderen tapi guyub rukun.
Dirjen Bimas Kristen RI, Dr. Jeane Marie Tulung, tampil semringah, mirip malaikat sing ketok ing tengah panggung, bareng Forkopimda Klaten lan para pendeta se-Klaten. Ora mung ngresmikan bangunan, tapi ngresmikan harapan: rumah misi ora mung omah bata, nanging omah cinta, omah kasih, lan omah sing ora mung ngajari doa, tapi uga ngasah kawruh lan ngasih jalan urip sing luwih waras.
“Ini bukan sekadar bangunan fisik,” ujare Bu Dirjen, “tapi simbol kesatuan gereja.”
Petruk nyelutuk: “Simbol, Gareng! Opo meneh simbol sing ra iso digadaiké neng Pegadaian.”

Nanging ora masalah, sebab simbol-simbol iki nglambangaké harapan baru: ngadepi dunia sing kadhang luwih rame drama tinimbang sinetron, umat kudu kuat, guyub, lan ora mung ngurusi surga, tapi uga sesama. Kira-kira gitu maknane sing didelok saka sambutan sang Dirjen.
Gareng, wartawan setengah pensiun (sing isih doyan bubur pedes), nyimak:
“Taman Doa dadi tempat tumplek blek doa dan tindakan nyata. Umat Kristen ora mung sembahyang, tapi uga nyedekah ilmu, mbantu warga, lan ngasih pelatihan. Yo iki sing diarani iman sing bisa nyambung WiFi – ora mung nyambung karo Gusti, tapi karo masyarakat uga!”
Pdt. Mursid Hariyadi, ketua panitia sing jenenge cocok dadi karakter sinetron religi, ngumumke yen Rumah Misi iki wis siap nglayani masyarakat. Pendidikan? Ono. Pelatihan? Opo meneh. Kegiatan sosial? Yo mesthi. Sakjane, rumah misi iki mirip kampus kecil tapi gratis, plus ada bonus berkat lan senyum tulus.
“Rumah Misi Apius bukan menara gading, tapi pondok rakyat. Nek ngono, wong-wong ora mung oleh doa, tapi uga pinter ngopeni urip lan sesama,” ujare Gareng, sambil nyruput kopi sisa peresmian.
Sindiran sak cilik:
Nek gedung mewah bisa dibangun, mestine pikiran waras lan hati welas asih uga bisa dibangun bareng. Nanging ojo lali, nek rumah misi ora didukung masyarakat, bisa-bisa dadi museum doa – apik, tapi sepi pengunjung.
Petruk nutup nganggo falsafah nggumun:
“Omah misi, nek mung isine kursi kosong lan mic tanpa suara, yo podo wae kaya kampanye tanpa penonton. Tapi nek isine semangat, kawruh, lan pengabdian, yo iki pancen omah sing bener-bener dadi ‘misi’ kanggo bangsa!”
Sugeng Rawuh, Rumah Misi Apius!
Semoga ora mung dadi papan foto bareng karo pejabat, tapi dadi tempat rakyat nyangking harapan anyar. Sembarang misi tanpa aksi yo mung ilusi, rek!




















